NAHDLATUL 'ULAMA

NAHDLATUL 'ULAMA
ALHAMDULILLAH KAMI ORANG NU SEMUA

Minggu, 08 Desember 2013

pandawa lima


Tokoh Wayang PANDAWA LIMA

1. PUNTA DEWA
( Yudistira, Guna Tali Krama ) 
Dadi raja ing Ngamarta yo ing Mbatana Kawarsa bojone Dewi Drupadi anakke Pancawara, sifate Yudistira: 
 Watak : angin, bumi, geni, segara, mbulan, lintang, srengenge. 
 Sifat : jujur, sabar, temen, loman seneng weweh. 
 Punta Dewa nalendra ing Ngamarta, cinta kapura, 
Punta Dewa sifate loman banget nate ono lakon wayang Prabu Punta Dewa dijaluk getie putih terus marang sira diwenehake, anbanging ora mati nanging malah malih dadi buta gedhe yoiku jenenge Aji Ginem.
2. WERKUDARA ( Bima ) 
Nduweni kastrian ing Njodhipati, nduweni aji – aji kuku panca naka uga pusaka gada rujak polo. Watakke jujur, jejeg, rawe-rawerantas malang-malang putung wani mbelani kang bener. Werkudara swijine urip manut marang guru. Gurune yoiku pendita Durna guru Pendhawa lan Ngastina. Ananging bocah Pendhawa karo bocah Ngastino apik-apik bocah pendhawa. 
 Pendawa: 
1. Manut kabeh marang gurune 
2. Seneg tirakat ( jejeg,madep, mantep ngibadae ) 
 Ngastina : 
1. Ora manut marang gurune 
2. Seneng angkara murka, lan molimo 
Buktine yen dewa nurunakke wahyu ning nompo mesti raden Janaka utawa raden Abimanyu. Andeng asile apik Pandawa. Sengkuni maido marang Durna nek mulang pilih kasih. Akhire Durna ngundang muridte cah pandhawa. “ He Werkudara, wonten napa guru, Reneo ngger iki enek gawean kowe tak kon nggolekki susuhe angin, susuh asngin iki manggone ona tengahing alasnggone sing paling angker. Banjur Werkudara budal menyang tengah alas. 
Ana ing satengahing alas ora mati. Sengkuni seneng ngertyine Werkudara mati. Ananging werkudara ora mati. Werkudara bali terus Durna ngomomg, sabenere susuhe angin ora ana ing tengah alas nanging ana ing tengahing samudra, opo bener guru ? iyo bener. Werkudara budal njegur ana ing tengahing segara. Ananging Werkudara ora matimalah oleh bojo yoiku Dewi Urang Ayu banjur nduwe anak siji jenengeRaden Anta Reja. Kajaba oleh Bojo Raden Werkudara bisa ketamu karo gurune ;kang sejati yaiku Dewa Ruci. Guru iki ning menehi ngilmu kasampurnaning urip. Yoiku yen agama islam Rukun Islam. 
Sateruse Raden Werkudara luwih sampurna. Sateruse banjur bali nyang Ngastina maneh. Kajaba Dewi Urang Ayu isih nduwe bojo maneh. Ana ing balai sigolo-golo Pandhawa karepe arep dibakar marang wong Ngastina, ananging ora kebakar, Raden Werkudara isa nggawa dulure lan ibune loncat ambles bareng nggarangan putih kang ambles nyang tengahing bumi. Barebg wus teko jerone bumi garangan putih malih rupa dadi wujud Dewi Naga Gini. Sanajan anak ulla nanging awujud manungsa banjur Werkudara ngepek bojo Dewi Naga Gini. Nduwe anak jenenge Anta Sena. Nalika babad wanamarta werkudara ana ing Pringgandani ketemu wanita wujud buta wadon jenenge Dewi Arimbi. Banjur dipek bojo maneh nduwe anak jenenge Raden Gatut Kaca ( purbaya, Koco Negara, Krincing Wesi ). 
Gatut Kaca nduwe busana peparinge Dewa wujud kotang antra kusuma, kasiate : yen ngagem bisa mabur tanpa lar, bisa mletik tanpa sutang. Kajaba kwi nuwe caping basunanda, kasiate : yen ana udan ora bakal kudanan, yen panas ora bakal kepanasan. Raden Werkudara uga diarani paneggak Pandhawa amargo dadi bentenge Pandhawa.
DASANAMANE WERKUDARA 
 Bayusuta 
 Ballawa 
 Bratasena 
 Bhima 
 Birawa 
 Dandunwacana 
 Nagata 
 Kawara 
 Sena 
 Wijasena 
 Pandhusiwi 
 Kusumayudha 
 Kusumadilaga.
3. RADEN JANAKA 
Raden Janaka nduweni bojo loro yoiku Dewi wara Sembadra karo Dwi Wara Srikandi. Janaka karo Dewi Wara Sembadra nduwe anak jenenge Raden Abimanyu nduweni klasatrian ing Plangka wati. Anake Raden Abimanyu karo dewi untari nduwe anak jenenge Raden Pari Kesit kang bakal dadi Raja ing Ngastina. 
Sifate Raden Janaka : alus, sabar, jujur, uga dadi lananging jagad amarga janaka bisa nglakani telung perkara, yaiku : 
1) Kapan wae Dtewa ngudunake wahyu Janaka bisa nampa. 
2) Kapan wae ana peperangan Janaka mesti unggul. 
3) Ngendi wae ana wanita kang ayu banget janaka mesti ana.
DASANAMANE Raden Janaka 
* Kiritin 
* Parta 
* Pritaputra 
* Permadi/Pamade 
* Dananjaya 
* Kumbalyali 
* Ciptaning Mintaraga (ing lakon Begawan Ciptaning) 
* Pandusiwi 
* Indratanaya 
* Jahnawi 
* Palguna 
* Danasmara 
* Margana 
* Kandhi Wrahatnala (nalika nylamur laku dadi banci) 
* Lelanang ing Jagad
Amarga kondhang bagus, Arjuna duwe bojo akeh. Malah ing lakon Arjuna Wiwaha kang dijupuk seka Kitab Kakawin Kakawin Arjuna Wiwaha , Arjuna diparingi widodari-widodari dening dewa. 
* Dewi Sumbadra, peputra Abimanyu 
* Dewi Larasati, peputra Sumitra. 
* Dewi Srikandhi. 
* Dewi Ulupi/Palupi, Irawan 
* Dewi Jimambang, peputra Kumaladewa lan Kumalasekti. 
* Dewi Manuhara, peputra Pregiwa lan Pregiwati 
* Dewi Dresanala, peputra Wisanggeni.
Ana salah sijining wanita kang ditresnani Arjuna nanging malah dadi garwane wayang liya, yaiku Dewi Banowati. Nanging sawise rampung Bharatayudha, Banowati bisa dadi siji karo Arjuna, ora ketung mung sewengi.
Aji-aji Raden Janaka 
* Palimunan = bisa ngilang. 
* Tunggengmaya = bisa gawe banyu. 
* Sepiangin = bisa mlaku tanpa napak lemah. 
* Mayabumi = bisa ngalahke mungsuh. 
* Pengasih = disenengi wong akeh. 
* Asmaragama = ngelmu saresmi.
Gamanne Raden Janaka 
* Pecut Kyai Pamuk 
* Keris Pasopati 
* Panah Sangkali 
* Panah Cundhamanik 
* Ali-ali Mustika Ampal 
* Trompet Dewadata 
* Keris Pulanggeni 
* Sarotama 
* Keris Kyai Kalanadhah
4. NAKULA ( pingten ) 
Ing Mahabharata, Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan Batara Aswi , dewane tabib. Satriya iki salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang jenenge Sadewa. Beda karo Yudhistira, Werkudara, lanJanaka, Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair seka wetenge kang suwek dening keris. 
Nakula nduwe garwa Dewi Suyati seka Awuawulangit. Sakloron peputra Pramusinta lan Pramuwati. Iki yang manut Pustaka Raja. Yen manut Purwacarita, garwane Nakula iku Dewi Srengganawati seka negara Gisiksamodra utawa Ekapratala, lan peputra Dewi Sri Tanjung. 
Nakula nduwe watak jujur, welas asih, lan bisa njaga wadi. Dening Bathara Indra, Nakula diwenehi cupu kang bisa nguripke wong kang mati sadurunge wektune. Ing Bharatayudha, Nakula lan Sadewa ngrewangi nyedhaki Salya supaya menehi ngerti apa pangapesane. Mula Salya masrahake kratone marang Nakula. Dadine, sawise perang iku, Nakula nguwasani ing Madraka. Nanging dening Yudhistira, Nakula banjur diangkat dadi patih. 
Sifate : jujur, alus, sabar, ntriman.
5. SADEWA Ing Mahabharata, Sadewa iku jenenge Sahadewa. Nalika cilik jenenge Tangsen. Dheweke salah sijining Pandhawa. Tangsen iki jenenge wit-witan kang godhonge bisa digawe obat. Kaya dene sedulur kembare, Nakula, Satriya kang manggon ing Bumiretawu iki kondhang amarga lantip ing prekara obat-obatan. Wiwit isih bayi, Nakula lan Sadewa wis dadi bocah lola, tanpa rama-ibu. Satriya iki tinitisan Bathara Aswin, dewane tabib kang kembar karo Bathara Aswi. Bareng karo Nakula, Sadewa tansah ngiring Yudhistira ing kraton Amarta. 
Ing sawetara crita wayang, Sadewa lantip ing sasmita. Umpama Kresna ora ana, Sadewa kang sulih golek upaya. Nalika mboyong Dewi Srengginiwati seka Gisiksamodra, Sadewa kang bisa mbabar sayembara ngenani “sejatining lanang, sejatining wadon.” Jejodhoan iki nurunke putra Widapaksa utawa Sidapaksa. 
Ing lakon liyane, Sudamala, Sadewa kang bisa ngruwat Bathari Uma bali maneh dadi ayu. Ing versi India, Sahadeva iku pinter pedhang. Ing Bharatayudha, Sahadeva kang bisa ngalahake lan mateni Shakuni (ing Jawa dadi Sangkuni). Ing crita pedhalangan, Sangkuni dipateni dening Bima.

Incoming search terms:

pandawa lima bahasa jawa , jenenge pandawa , jenenge pandhawa , jenenge pandawa lima , wayang lan sifate ,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar